Kamis, 08 Januari 2015

nomina jawa


NOMINA
1.       Menapa ingkang kawastanan tembung aran ?
a.       Tembung aran konkret, lan tuladhanipun
b.      Tembung aran abstrak , lan tuladhanipun
2.       Jlentrehake ciri-ciri tembung aran !
3.       Menapa ingkang dipunwastani kaliyan :
a.       Nomina de verbal
b.      Nomina de adjectival
c.       Nomina de numeralia
4.       Jlentrehake pengkategorian nominal an tuladhanipun !

Wangsulan !!!
1.       Tembung aran inggih menika jenis utawi kategori tembung leksikal ingkang nggadhahi konsep utawi teges kabendaan, ingkang katingal (konkret) lan boten ketingal (abstrak)
Tuladha : wong, kewan, pawarta, kautaman
a.       Tembung aran konkret (katon) inggih menika tembung aran ingkang saged kanyatakaken dening panca indra
Tuladha : wesi, macan
b.      Tembung aran abstrak (tan katon) inggih menika tembung aran ingkang boten saged kanyatakaken dening panca indra.
Tuladha : katentreman, kemanusiaan, akal
2.       Ciri – ciri tembung aran kaperang dados 3, inggih menika :
1.       Perilaku Morfologis
Ingkang dipun wigatosaken tembung menika kalebet polimorfemis, yaiku gabungan 2 morfe utawi langkung, menika ingkang ngalami proses morfologis kados ta afiksasi, reduplikasi, komposisi, modifikasi, lan pemendekan.
Tuladha :      pi-/ -an + tulung = pitulung
                        Suket + an = suketan
                        Bebener
                        Ali – ali
                        Bapa biyung
                        Kembang lambe
                        Dhodok selehe
                        Pi - + wulang = piwulang
2.       Perilaku Semantis
Ciri nomina / tembung aran saged dipun pirsani saking makna kata / tegesipun tembung ingkang wonten ing kampus.


3.       Perilaku Sintaksis
Tembung aran saged dipun pirsani saking tegesipun tembung wonten ing sak lebeting ukara.
a.       Saged nyambung kaliyan tembung ingkar “dudu” lan boten saged nyambung kaliyan tembung “ora”
Tuladha :      dudu kembang
                        Dudu guru
b.      Saged nyambung kaliyan adjectiva langsung utawi dipun tambahi pronominal relative “sing” utawi “kang”
Tuladha :      bocah pinter
                        Bocah sing /kang pinter
c.       Saged nyambung kaliyan nomina utawi verba.
Tuladha :      kembang mawar
d.      Saged nyambung kaliyan pronominal personal utawi kaliyan enklitik pronominal “-ku, -mu”
Tuladha :      buku kula
                        klambimu
e.      Wonten ing saklebeting ukara ingkang predikatipun verba, tembung aran saged dados subjek, objek, utawi plengkap
Tuladha :      dheweke kelangan buku
                        Siti nyapu latar

3.       Ingkang kawastanan :
a.       Nomina de Verba inggih menika  tembung aran ingkang dipunbentuk saking tembung kriya, lan tembung menika kabentuk saking proses morfologis
Tuladha :      pa/ u- + suwun + -an = panyuwunan
                        Pa/ u- + tulis = panulis
                        Gosok + -an = gosokan
                        Alap-alap + an = alap-alapan
b.      Nomina de adjectival inggih menika tembung aran ingkang dipun bentuk saking tembung sifat, lan tembung menika kabentuk saking proses morfologis
Tuladha :      peteng + -an = petengan
                        Pa/ an + suci = pasuci
                        Bathi + -an = bathen
                        Ayu + e = ayune
c.       Nomina de numeralia inggih menika tembung aran ingkang dipun bentuk saking tembung wilangan, lan tembung menika kabentuk saking proses morfologis
Tuladha :      atus + -an = atusan
                        Pra- /an + lima =praliman
Puluh + -an = puluhan

4.       Pengkategorian nomina inggih menika :
a.       Kanthi kagandaan morfem pembentukipun, wonten nomina monofermis kaliyan polimorfemis
b.      Nomina tunggal kaliyan mboten tunggal
c.       Nomina generic kaliyan spesifik
d.      Nomina umum kaliyan khusus
e.      Nomina abstrak kaliyan konkret
f.        Nomina insani kaliyan sanes insan
g.       Nomina nama piyambak kaliyan sanes asma piyambak

Tidak ada komentar:

Posting Komentar