Wayah sore srengenge surup
Uga wayahe manuk pada ngiyup
Angin wengi sansaya ngajak tembangan
Tembang kang surasane bisa dadi kenangan
Kabeh rasa wis karasani
Susah, seneng, nganti tekan meri
Kabeh dilakoni tanpa tapi
Kanggo panguwating dirialaa
Ala becik kabeh dilakoni
Bebasan ngenteni wolak waliking mangsa
Se taun suwene kalampahan ora dinyana
Bebasane dongeng lan crita ludruk
Ana kalane dibukak banjur mesthi ditutup
Pucuk taun iki dadekake kabeh pungkasan
Ala becik kuwi kabeh pengalaman
Mung bisa dadi panjaluk
Muga tetep dadya mahluk sing takluk
Tidak ada komentar:
Posting Komentar