Dina Riaya
Wayah
esuk keprungu swarane takbir saka masjid. Takbir wis keprungu wiwit wingi sore.
Dina iki kabeh umat muslim ing desa Sukra jam 05.30 wis mlaku tumuju lapangan
kanggo sembayang sholat Idul Fitri. Semana uga karo keluwargane Pak Fandy. Pak
Fandy, bojone, karo anakke 2 wis siap menyang lapangan bareng warga liyane.
Sakwise
sholat Idul Fitri keluwargane Pak Fandy kondur menyang daleme. Tekan dalem, Bu
Fandy nyiapake lonthong opor kanggo sarapan bareng – bareng. Anake mbarep sing
jenenge Fajar langsung njupuk piring lan ditata nduwur meja. Anak wadon sing
nomer loro jenenge Lia rewang – rewang ibune ing dapur ngiris lonthong. Bareng
wis siyap kabeh banjur Pak Fandy sekeluwarga sarapan bareng.
Wis
dadi kebiyasaan yen riaya kuwi ciri khase padha njaluk ngapura. Rampung olehe
sarapan, Pak Fandy karo bojone lenggah ana ruang tamu. Anake loro banjur
nyedhaki. Lorone sedheku ning ngarepe Pak Fandy karo ibune.
“Pak, kula badhe ngaturaken
sugeng riyadi, kaliyan nyuwun agunging pangapunten saking bapak menawi kula
gadhah lepat kaliyan bapak”, mature Fajar marang bapake karo salaman ngambung
astane bapake.
Pak Fandy mangsuli karo ngelus
sirahe putrane mbarep, “Iya nang, bapak uga njaluk ngapura menawa bapak akeh
salah marang kowe, kowe sing gedhe pangapurane ya?.
“Inggih Pak”, wangsulane Fajar.
Semana uga karo Liah, dheweke uga
nyuwun pangapura marang ibune.
“Bu, Liah ngaturaken sugeng
riyadi, kaliyan Lia nyuwun pangapunten menawi Lia nate utawi sering damel susah
penggalihipun ibu”, mature Lia.
“Iya cah ayu, ibu uga njaluk
ngapura yen ibu sering ndukani, ibu ndukani merga ibu saying karo Lia, ngapura
ya cah ayu?”, wangsulane ibu balik takon.
“Inggih bu”.
Sawise keluwargane Pak Fandy pur-puran
ing ndalem, banjur padha sowan daleme simbah.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar