Minggu, 11 Januari 2015

CRITA

Tema : Lungguh Ora Lungguh
Menyang Semarang
                Dina Minggu udakara jam siji awan, Rista wis tekan terminal. Wektune libur ing omah wis entek. Dheweke kudu mangkat menyang Semarang maneh saperlu kuliah.
                Bocah wadon rambut cekak iku kapeksa kudu golek bis ekonomi jurusan Purwokerto-Semarang amarga wis ora komanan tiket ana agen.
                Watara jam setengah loro, bis Maju Makmur jurusan Semarang mlebu terminal Purbalingga. Rista banjur munggah bis lan golek panggonan kosong. Bangku sisih kiwa nomer telu saka mburi sajake kosong. Rista banjur lungguh. Sisih tengene ana bapak – bapak nganggo bathik katon merem samendhe kaca. Bis banjur laju. Saya suwe bis lajune saya banter.
                Tekan Banjarnegara bis mandheg setengah jam. Kabeh bangku katon wus kebak penumpang. Bis mlaku maneh bebarengan karo ibu – ibu nggendhong anak munggah bis. Anake wadon isih cilik. Sajake ibu – ibu  mau lagi golek panggonan kosong.
                “Badhe tindak pundi bu?”, pitakone Rista marang ibu-ibu mau.
                “Badhe dhateng Wonosobo mbak, panjenengan tindak pundi?”, semaure sing ditakoni malah balik takon. “Ooh Wonosobo, kula badhe dhateng Semarang bu, punika putrinipun kadosipun tilem bu?
“Inggih mbak, wau nangis mawon kadosipun sampun ngantuk”
“Mangga, ibu lenggah mriki rumiyin mawon”, Rista menyat ngaturi pinarak.
“Loh, boten usah mbak, mangke panjenengan sayah menawi jumeneng, badhe tindakan tebih kok”, wangsulane ibu-ibu mau karo mbenerake jarik gendhongan
“Boten punapa bu, naming dumugi Wonosobo mawon boten punapa”, wangsulane Rista karo mesem.
“Matur nuwun sanget nggih mbak”
Rista banjur ngadeg lan ngaturi ibu – ibu mau pinarak ana panggonan lungguhane. Sak jam suwene Rista olehe ngadeg. Ora krasa ibu – ibu nggendhong anak mau wis arep mudhun. Ibu karo anake banjur menyat lan matur nuwun marang Rista. Rista banjur salaman ngambung astane ibu mau karo mesem. Sak wise ibu – ibu mau mudhun saka bis, Rista lungguh maneh.
Tumindak mangkono sing kudune ditrepake bocah – bocah saiki kaya sing ditindakake Rista mau.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar