TIMUN MAS
Dek jaman biyen ing salah sawijining desa, ana
mbok randa sing urip dewe ora ana anak utawa sedululur. Amarga urip dewe mbok
randa mau kepengin duwe anak. Saben dina mbok randa ndonga awan bengi ing
ngarsane Gusti Allah supaya diwenehi anak. Deweke yakin menawa penjaluke bakal
di kabulake dening Gusti Allah.
Tanpa sangertine mbok randa, anggone donga awan
bengi ing omahe kuwi mau keprungu Buto ijo sing kebeneran liwat sacedhake kono.
Buto ijo banjur nyeluk mbok randa supaya metu saka omahe. mbok randa kaget
ngerteni ana Buto ijoing ngarep omahe.
Sawise ora miris maneh ngerteni Buto ijo sing
gedhe tur medeni kuwi, si Buto ijongomong menawa bisa nulungi menehi anak. Mbok
randa bungah atine krungu kandane Buto ijo kuwi mau lan nyaguhi kabeh penjaluke
Buto ijomenawa diwenehi anak tenan.
Penjaluke Buto ijo yaiku menawa anake mbok randa
wis gedhe dijaluk arep dipangan. Sabanjure Buto ijo iku menehi wii timun sing
kudu di tandur mbok randa. Sawise Buto ijo kuwi mau lunga, mbok Randa nandur
wiji timun iku ana kebone. Wiji kuwi dirumat lan diopeni kanthi gemathi,
disiram, diresiki sukete lan dirabuk supaya cepet tukul.
Sawise tukul lan dadi wit timun kang subur, wit
timun iku mau wis pada uwoh. Ing antarane akehe woh timun, ana salah sijine
timun kang nganeh-anehi. Rupane kuning emas lan gedhene sak guling. Timun iku
banjur pecah lan ing njero timun mau ana bayi manungsane.
Mbok randa bungah atine amarga penjaluke kepengin
duwe anak wis kaleksanan. Mbok randa ngucapake syukur marang Gusti Allah amarga
dongane wis diijabah. Bayi iku mau wadon, pakulitane resik alus kaya kulit
timun amarga laer saka timun sing kuning kaya emas, bayi wadon kuwi mau
dijenengake Timun mas.
Sawise Timun mas ngancik dewasa, mbok randa
kelingan janjine karo Buta menawa arep menehake Timun mas. Mbok randa dadi
susah atine, rina wengi mbok randa donga supaya entuk pitulungan saka Gusti
Allah. Salah sawijining wengi, mbok randa ngimpi ketemu pertapa ing gunung
gandul. Pertapa kuwi mau sing bisa nulungi supaya Timun mas ora dijupuk sang
Buto.
Esuke mbok randa lungo menyang gunung gandul kaya
impene. Sawise ketemu karo pertapa kaya ing impene, mbok randa disangoni
buntelan kanggo Timun mas. Pertapa kuwi mau menehi pitutur piye carane supaya
Timun mas bisa oncat saka bebaya ngadepi sang Buto. Sawise ngucapake maturnuwun
mbok randa pamitan mulih.
Tekan omah mbok randa menehi buntelan kang cacahe
papat, lan dituturi piye carane nggunake. Mbok randa ngonggkon Timun mas lungo
saka omah lan mlayu sak cepet-cepete. Sawise iku Buto ijo kang arep jupuk Timun
mas teka ing omahe mbok randa banjur nesu ngerteni Timun mas wis ora ana. Buto
ijo nesu lan ngamuk, kebonne mbok randa dirusak banjur bengok-bengok ngoyak
Timun mas.
Amarga Buto ijo jangkahe amba sedela wae Timun
mas wis meh kasil koyak. Timun mas bajur nguncalake buntelan sing isine wiji
timun. Dumadakan dadi kebon timun kang akeh woh timune, Buto ijo mandeg lan
mangan timun sing katon seger-seger kuwi mau. Sawise timune entek sang Buto ijo
kelingan menawa ngoyak Timun mas. Buto ijo banjur ngoyak Timun mas maneh sing
wis mlayu tekan adoh.
Lagi sedela wae sang Buto ijo wis meh kasil
ngoyak Timun mas. Buntelan sing isi dom terus diuncalake Timun mas. Dumadakan
dadi alas pring sing ngalangi playune Buto. Tapi sedela wae Buto ijo kasil bisa
metu saka alas pring kuwi mau.
Timun mas banjur nguncalke buntelan kang isine
uyah, lan malih dadi segara kang amba lan jero. Buto ijo nglangi ing segara
kuwi mau tetep ngoyak Timun mas lan kasil mentas saka segara. Timun mas arep
kasil koyak meneh, banjur nguncalake buntelan kang pungkasan.
Buntelan kang isine trasi malih dadi segara
lendhut kang jero. Buto ijokecemplung lan kangelan mentas saka lendhut kuwi
mau. Pungkasane Buto ijo kang ngoyak Timun mas iku mati kleleb ing njero segara
lendhut. Timun mas akhire selamet lan urip tentrem karo mbok randa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar