Selasa, 16 Desember 2014

crita rakyat versi penginyongan


TIMUN MAS

Dek jaman biyen ing salah sawijining desa, ana mbok randa sing urip dewe ora ana anak utawa sedululur. Amarga urip dewe mbok randa mau kepengin duwe anak. Saben dina mbok randa ndonga awan bengi ing ngarsane Gusti Allah supaya diwenehi anak. Deweke yakin menawa penjaluke bakal di kabulake dening Gusti Allah.
Tanpa sangertine mbok randa, anggone donga awan bengi ing omahe kuwi mau keprungu Buto ijo sing kebeneran liwat sacedhake kono. Buto ijo banjur nyeluk mbok randa supaya metu saka omahe. mbok randa kaget ngerteni ana Buto ijoing ngarep omahe.
Sawise ora miris maneh ngerteni Buto ijo sing gedhe tur medeni kuwi, si Buto ijongomong menawa bisa nulungi menehi anak. Mbok randa bungah atine krungu kandane Buto ijo kuwi mau lan nyaguhi kabeh penjaluke Buto ijomenawa diwenehi anak tenan.
Penjaluke Buto ijo yaiku menawa anake mbok randa wis gedhe dijaluk arep dipangan. Sabanjure Buto ijo iku menehi wii timun sing kudu di tandur mbok randa. Sawise Buto ijo kuwi mau lunga, mbok Randa nandur wiji timun iku ana kebone. Wiji kuwi dirumat lan diopeni kanthi gemathi, disiram, diresiki sukete lan dirabuk supaya cepet tukul.
Sawise tukul lan dadi wit timun kang subur, wit timun iku mau wis pada uwoh. Ing antarane akehe woh timun, ana salah sijine timun kang nganeh-anehi. Rupane kuning emas lan gedhene sak guling. Timun iku banjur pecah lan ing njero timun mau ana bayi manungsane.
Mbok randa bungah atine amarga penjaluke kepengin duwe anak wis kaleksanan. Mbok randa ngucapake syukur marang Gusti Allah amarga dongane wis diijabah. Bayi iku mau wadon, pakulitane resik alus kaya kulit timun amarga laer saka timun sing kuning kaya emas, bayi wadon kuwi mau dijenengake Timun mas.
Sawise Timun mas ngancik dewasa, mbok randa kelingan janjine karo Buta menawa arep menehake Timun mas. Mbok randa dadi susah atine, rina wengi mbok randa donga supaya entuk pitulungan saka Gusti Allah. Salah sawijining wengi, mbok randa ngimpi ketemu pertapa ing gunung gandul. Pertapa kuwi mau sing bisa nulungi supaya Timun mas ora dijupuk sang Buto.
Esuke mbok randa lungo menyang gunung gandul kaya impene. Sawise ketemu karo pertapa kaya ing impene, mbok randa disangoni buntelan kanggo Timun mas. Pertapa kuwi mau menehi pitutur piye carane supaya Timun mas bisa oncat saka bebaya ngadepi sang Buto. Sawise ngucapake maturnuwun mbok randa pamitan mulih.
Tekan omah mbok randa menehi buntelan kang cacahe papat, lan dituturi piye carane nggunake. Mbok randa ngonggkon Timun mas lungo saka omah lan mlayu sak cepet-cepete. Sawise iku Buto ijo kang arep jupuk Timun mas teka ing omahe mbok randa banjur nesu ngerteni Timun mas wis ora ana. Buto ijo nesu lan ngamuk, kebonne mbok randa dirusak banjur bengok-bengok ngoyak Timun mas.
Amarga Buto ijo jangkahe amba sedela wae Timun mas wis meh kasil koyak. Timun mas bajur nguncalake buntelan sing isine wiji timun. Dumadakan dadi kebon timun kang akeh woh timune, Buto ijo mandeg lan mangan timun sing katon seger-seger kuwi mau. Sawise timune entek sang Buto ijo kelingan menawa ngoyak Timun mas. Buto ijo banjur ngoyak Timun mas maneh sing wis mlayu tekan adoh.
Lagi sedela wae sang Buto ijo wis meh kasil ngoyak Timun mas. Buntelan sing isi dom terus diuncalake Timun mas. Dumadakan dadi alas pring sing ngalangi playune Buto. Tapi sedela wae Buto ijo kasil bisa metu saka alas pring kuwi mau.
Timun mas banjur nguncalke buntelan kang isine uyah, lan malih dadi segara kang amba lan jero. Buto ijo nglangi ing segara kuwi mau tetep ngoyak Timun mas lan kasil mentas saka segara. Timun mas arep kasil koyak meneh, banjur nguncalake buntelan  kang pungkasan.
Buntelan kang isine trasi malih dadi segara lendhut kang jero. Buto ijokecemplung lan kangelan mentas saka lendhut kuwi mau. Pungkasane Buto ijo kang ngoyak Timun mas iku mati kleleb ing njero segara lendhut. Timun mas akhire selamet lan urip tentrem karo mbok randa.

unggah ungguh

Tema : Lungguh Ora Lungguh


                Dina Minggu udakara jam siji awan, Rista wis tekan terminal. Wektune libur ing omah wis entek. Dheweke kudu mangkat menyang Semarang maneh saperlu kuliah.
                Bocah wadon rambut cekak iku kapeksa kudu golek bis ekonomi jurusan Purwokerto-Semarang amarga wis ora komanan tiket ana agen.
                Watara jam setengah loro, bis Maju Makmur jurusan Semarang mlebu terminal Purbalingga. Rista banjur munggah bis lan golek panggonan kosong. Bangku sisih kiwa nomer telu saka mburi sajake kosong. Rista banjur lungguh. Sisih tengene ana bapak – bapak nganggo bathik katon merem samendhe kaca. Bis banjur laju. Saya suwe bis lajune saya banter.
                Tekan Banjarnegara bis mandheg setengah jam. Kabeh bangku katon wus kebak penumpang. Bis mlaku maneh bebarengan karo ibu – ibu nggendhong anak munggah bis. Anake wadon isih cilik. Sajake ibu – ibu  mau lagi golek panggonan kosong.
                “Badhe tindak pundi bu?”, pitakone Rista marang ibu-ibu mau.
                “Badhe dhateng Wonosobo mbak, panjenengan tindak pundi?”, semaure sing ditakoni malah balik takon. “Ooh Wonosobo, kula badhe dhateng Semarang bu, punika putrinipun kadosipun tilem bu?
“Inggih mbak, wau nangis mawon kadosipun sampun ngantuk”
“Mangga, ibu lenggah mriki rumiyin mawon”, Rista menyat ngaturi pinarak.
“Loh, boten usah mbak, mangke panjenengan sayah menawi jumeneng, badhe tindakan tebih kok”, wangsulane ibu-ibu mau karo mbenerake jarik gendhongan
“Boten punapa bu, naming dumugi Wonosobo mawon boten punapa”, wangsulane Rista karo mesem.
“Matur nuwun sanget nggih mbak”
Rista banjur ngadeg lan ngaturi ibu – ibu mau pinarak ana panggonan lungguhane. Sak jam suwene Rista olehe ngadeg. Ora krasa ibu – ibu nggendhong anak mau wis arep mudhun. Ibu karo anake banjur menyat lan matur nuwun marang Rista. Rista banjur salaman ngambung astane ibu mau karo mesem. Sak wise ibu – ibu mau mudhun saka bis, Rista lungguh maneh.