Tema : Lungguh Ora Lungguh
Dina
Minggu udakara jam siji awan, Rista wis tekan terminal. Wektune libur ing omah
wis entek. Dheweke kudu mangkat menyang Semarang maneh saperlu kuliah.
Bocah
wadon rambut cekak iku kapeksa kudu golek bis ekonomi jurusan
Purwokerto-Semarang amarga wis ora komanan tiket ana agen.
Watara
jam setengah loro, bis Maju Makmur jurusan Semarang mlebu terminal Purbalingga.
Rista banjur munggah bis lan golek panggonan kosong. Bangku sisih kiwa nomer
telu saka mburi sajake kosong. Rista banjur lungguh. Sisih tengene ana bapak –
bapak nganggo bathik katon merem samendhe kaca. Bis banjur laju. Saya suwe bis
lajune saya banter.
Tekan
Banjarnegara bis mandheg setengah jam. Kabeh bangku katon wus kebak penumpang.
Bis mlaku maneh bebarengan karo ibu – ibu nggendhong anak munggah bis. Anake
wadon isih cilik. Sajake ibu – ibu mau
lagi golek panggonan kosong.
“Badhe
tindak pundi bu?”, pitakone Rista marang ibu-ibu mau.
“Badhe
dhateng Wonosobo mbak, panjenengan tindak pundi?”, semaure sing ditakoni malah
balik takon. “Ooh Wonosobo, kula badhe dhateng Semarang bu, punika putrinipun
kadosipun tilem bu?
“Inggih mbak,
wau nangis mawon kadosipun sampun ngantuk”
“Mangga, ibu
lenggah mriki rumiyin mawon”, Rista menyat ngaturi pinarak.
“Loh, boten
usah mbak, mangke panjenengan sayah menawi jumeneng, badhe tindakan tebih kok”,
wangsulane ibu-ibu mau karo mbenerake jarik gendhongan
“Boten punapa
bu, naming dumugi Wonosobo mawon boten punapa”, wangsulane Rista karo mesem.
“Matur nuwun
sanget nggih mbak”
Rista banjur
ngadeg lan ngaturi ibu – ibu mau pinarak ana panggonan lungguhane. Sak jam
suwene Rista olehe ngadeg. Ora krasa ibu – ibu nggendhong anak mau wis arep
mudhun. Ibu karo anake banjur menyat lan matur nuwun marang Rista. Rista banjur
salaman ngambung astane ibu mau karo mesem. Sak wise ibu – ibu mau mudhun saka
bis, Rista lungguh maneh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar