PARIBASAN
Paribasan yaiku unen-unen kang wis gumathuk racikane lan
mawa teges tertemtu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning
tembung (Frase), lan kalebu basa pinthuk. Racikaning tembung ora owah, surasa
utawa tegese uga gumathuk, lumrahe ateges entar. Tegese tembung lumereg,
gumantung surasa lan karepan kinandhut ing unen-unen. Paribasan ngemu teges:
Tetandhingan, pepindhahan, utawa pepiridan (saemper pasemon). Kang disemoni
manungsa, ulah kridhaning manungsa, utawa sesambungane manungsa lan alam uripe.
Tuladha :
1.
Adigang, adigung,
adiguna : aja ngandhalake kekuwatan, kaluhuran, lan kapinteran
2.
Ana catus mungkur : ora gelem ngrungakake rerasan ora becik
3.
Aji godhong garing : wia ora ana ajine babar pisan
4.
Anak polah bapa
kepradah : wong kang ora bisa nyimpen
wewadi
5.
Belo melu seton : melu kumpul nanging ora ngerti apa
kang dirembug
PARIKAN
Parikan yaiku unen-unen
kang dumadi saka rong ukara. Ukara sepisan kanggo narik kawigaten, lan ukara
kapindhon minangka isi. Parikan iku kaya pantun nanging bwong rong larik,
parikan migunakake purwakanthi guru swara
Paugerab utawa
pathokane parikan, cacahing wanda kapisan, kudu padhah karo ukara kapindho.
Ukara sing ngarep kanggo bebuka dene ukara sabanjure minangka isi, wos.
Tibaning ukara kang kapisan ,kudhu padha karo ukara sing kapindho. Parikane
bisa dumadi saka rong gatra utawa patang
gatra.
Tuladha :
1.
Pitik blorok, manak siji. Jare kapok, malah ndadi
2.
Nyangking
ember, kiwa tengen. Lungguh jejer, tamba kangen.
3.
Plesir
sore, dina ahad. Naksir kowe, kakeyan ragat.
4.
Plesir
sore, dina minggu. Naksir kowe ora kewetu.
SALOKA
Saloka
yaiku unen-unen kang ajeg panggonane mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan.
Nanging kang dipindhahake uwonge.
Tuladha
:
1. Gajang
ngidak rapah : wong kang nglanggar
wewalere dhewe
2. Sumur
lumaku tinimba : wong kang
kumudu-kudu dijaluki warah
3. Lahan
korban manis : wong bagus utawa bagus
rupane tur becik bebudine
ISBAT
Yaiku unen-unen kang ajeg panggonane lan mawa surasa
tertemtu. Isbat awujud racikaning tembung kang ndhapuk ukara, ngemu teges entar
lan ngemu “pasemon”. Tembung isbat tegese “katetepan”. Isbat saemper paribasan,
tegese lumereg marang filsafat (mbok menawa luwih trep “falsafah”) lan pasemon.
Lumrahe dianggo istilah, konsep, utawa kredho ing ngelmu tasawuf, makripat,
filsafat utawa falsafah kejawen, utawa ideologi “sangkan parang”.
Tuladha :
1.
Awang-awang uwung-uwung : alam kekosongan
2.
Sunyaruri bumi kapetha
sak njeroning siti : Bumi kang kekubur
ing jero lemah
3.
Wong cina landha kari
sejodho : wong cina lan landha
urip bebarengan
WASITA
ADI
Yaiku unen-unen kang ajeg
panganggone. Ora tetembungane mawa teges entar.
Tuladha
:
1. Nggepuk kemiri : gawean gampang
(pekerjaan mudah)
2. Kempladheyan ngejak sempal :
sedhulur ngajak susah (saudara ngajak susah)
3. Ora keris ora keras : wong mlarat
nanging merwabawani (orang miskin tetapi berwibawa)
4. Kethek setanggon : bebarengan
tumindak ala (bersama-sama melakukan hal yang tidak baik)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar